10 Ucapan Sungkeman Idul Fitri 2022 Kepada Orang Tua dalam Bahasa Jawa Halus

- 27 April 2022, 13:34 WIB
contoh ucapan sungkeman idul fitri 2022.
contoh ucapan sungkeman idul fitri 2022. /mufidpwt/pixabay/

3. Kepareng matur dhumateng (bapak/ibu) sowan kula wonten mriki, ingkang sepisan silaturrahim, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten, kaping tiga nyuwun donga pangestunipun supados kula saged dados putra ingkang sholeh, migunani dhateng agami, nusa, bangsa, lan nagari, lancar anggenipun pados ilmu ingkang manfaat, gampil anggenipun pados rejeki ingkang halal lan thayyib, saha sukses nglampahi gesang ing donya lan akhirat.

4. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.

5. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.

Baca Juga: 10 Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 2022 untuk Orang Tua yang Menyentuh Hati

6. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dumatheng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.

7. Bapak/Ibu/Eyang, Ngaturaken wilujeng Idul Fitri nyuwun agungipun pangapunten. Mugi Bapak/Ibu/ Eyang kanugrahan jatining firah saking Gusti ingkang Maha Mirah. Aamiin.

8. Dhateng bapak lan ibu, wilujeng riyadi, nedha pangapunten lair lan batos. Kalih kebak kesungguhan mugi-mugi bapak lan ibu ngapuntenaken. Mugi-mugi panjenengan tansah dipunsukakaken kesarasan lan kawilujengan, lan naungan perlindungan saking Allah swt.

9. Ngaturaken sembah pangabekti kulo, sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap, ingkang boten angsal dining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi liuber ing dinteng meniko.

Baca Juga: 7 Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1443 H yang Puitis, Cocok Untuk Ide Caption Semua Sosial Media

10. Kulo ngaturaken sedoyo kalepatan kulo ingkang dipunsengaja utawi mboten sengaja, ing dinten Riyadi punika, mungi Gusti Allah paring pangapura lumantar panjenengan.

Halaman:

Editor: Lazuardi Ansori


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah