Kumpulan Dongeng Bahasa Jawa Singkat: Roro Jonggrang hingga Keong Emas

- 18 November 2022, 17:03 WIB
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat /Larisa_K/Pixabay

MALANG TERKINI - kumpulan dongeng berbahasa Jawa yang singkat akan disajikan dalam artikel ini.

Di Indonesia banyak tersebar dongeng dan cerita rakyat di masyarakat sejak dahulu. Cerita rakyat tersebut biasanya diceritakan kepada anak-anaknya.

Sehingga dongeng dan cerita rakyat tersebar luas dan dari waktu ke waktu.

Baca Juga: Ringkasan Cerita Rakyat Timun Mas dan Pesan Moralnya, Dongeng Singkat untuk Pengantar Tidur

Terkadang anak-anak di sekolahnya juga mendapatkan tugas untuk membuat cerita rakyat, bahkan dalam bahasa Jawa.

Untuk membantu anak-anak membuat Cerita rakyat atau dongeng dengan bahasa Jawa, dongeng yang disajikan artikel ini dapat membantu.

Berikut kumpulan dongeng dan cerita rakyat berbahasa Jawa:

Dongeng: Roro Jonggrang (bahasa Jawa)

Baca Juga: Ringkasan Cerita Rakyat Danau Toba Asal Sumatra Utara dan Pesan Moralnya, Dongeng Singkat Sebelum Tidur

Ing jaman kerajaan, Rojo Kerajaan Prambanan nduweni putri ingkang ayu namine Roro Jonggrang. Ing sandinge, ono Kerajaan Pengging ingkang nduweni kepinginan nggedekake kerajaan.

Kerajaan iku mau dipimpin kestario sakti mandraguna namine Bandung Bondowoso. Saliyane duwe gaman sakti, Bandung Bondowoso ugo nduweni tentara jin sing nulungi dheweke nyerang kerajaan liyane lan nggayuh kekarepane nggedekake kerajaan.

Ing sawijining wektu, Bandung Bondowoso nyerang kerajaan Prambanan kanggo ngrebut wilayah luwih akeh. Amergo ora ono persiapan, Raja Prambanan kalah, lengser lan tiwas naliko diserang.

Baca Juga: Kumpulan Pesan Moral dari Berbagai Dongeng Populer: Timun Emas, Sangkuriang, Malin Kundang, hingga Aladdin

Akhire Bandung Bondowoso dadi raja ing Kerajaan Prambanan. Naliko sawijining wektu, dheweke weruh bocah wadon ingkang ayu namine Roro Jonggrang.Banjur Bandung Bondowoso langsung nglamar wadon iku.

Sejatine Roro Jonggrang sengit marang Bandung Bondowoso. Amergane dheweke weruh Bandung Bondowoso ingkang nyerang bapake sampek tiwas. Ananging, Roro Jonggrang wedi arepe nolak lamaran Bandung Bondowoso.

Alhasil Roro Jonggrang ngekeki syarat ingkang angel dikabulake. Roro Jonggrang njaluk Bandung Bondowoso kudu nggawekake 1000 candhi lan 2 sumur ing wektu sewengi.

Bandung Bondowoso ugo setuju marang syarat iku mau. Amergo dheweke rumongso mesti kasil, kerana due tentara jin sing iso ngewangi dheweke ngrampungake syarat iku mau kanthi cepet.

Baca Juga: Pesan Moral Dongeng Cerita Timun Mas, Perjuangan Gadis Kecil Melawan Raksasa

Bandung Bondowoso lan poro jin meh nuntasake garapane iku mau. Roro Jonggrang ingkang weruh, ndang-ndang nggolek coro supoyo Bandung Bondowoso ora rampung.

Roro Jonggrang ngongkon pelayane kanggo nulungi deweke, yo iku lantaran ngebong jerami, lesung diunekke lan nyebar kembang wangi.

Sawise iku, ora suwe langit katon abang amargo jerami ingkang dibong mau, lesung wiwit muni lan ugo wiwit mambu kembang.

Baca Juga: Contoh Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

Amargo iku, tentara jin Bandung Bondowoso ninggalake gaweyane sing meh rampung iku, amarga rumongso wedi marang srengenge kang katon pertondo isuk bakal teko.

Bandung Bondowoso nyeluki pasukane, nanging ora ono sing ngungoke. Banjur Roro Jonggrang marani lan ngetung candhi gaweyan Bandung Bondowoso lan tentara jin iku mau.

Hasile jumlah candhi ora ono 1000, mung 999. Bandung Bondowoso mangkel, akhire dheweke ngerusakake gaweyan iku mau.

Lan dheweke muni marang Roro Jonggrang “Gawenanku dorong mari cah ayu. Kurang siji, kowe sing kudu njangkepi gawenanku iki.”

Iku mau sing dadi wiwitan cerito sejatine Candi Prambanan lan patung-patung ono ing sekitare candhi.

Baca Juga: Cerita Rakyat Sangkuriang dan Pesan Moralnya, Lahirnya Putri dari Rahim Babi hingga Asal-usul Tangkuban Perahu

Dongeng: Keong Mas (bahasa Jawa)

Wis setaun suwene mangsa ketiga dirasake desa Dhadapan. Kerana iku uripe warga malih katula-tula, akeh ingkang lara lan ugo dadi larang pangan.

Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing ijen tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan ngono iku mbok Randha ora nggresula. Malah dheweke tansaya nyaketake marang Gusti Maha Agung.

Baca Juga: Apa Definisi Cerita Rakyat, Struktur, dan Contohnya?

“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal ilang saking prahara punika.”

Sawijining wektu, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika dheweke lagi milang-miling, ana cahya kang cumlorot saka sak tengahing kali kang asat.

“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” pitakone ing njero atine.

Banjur mbok Randha goleki sumber cahya iku mau. Bareng dicedaki, jebul ana keong emas ingkang nyungsang ing tengah watu-watu kali.

Akhire Keong emas iku digawa mulih Nang omahe. Tekan ngomah banjur dicemplungake nang genthong.

Baca Juga: Amanat Cerita Rakyat Bawang Merah Bawang Putih dan Jalan Ceritanya, Tentang Petaka Buah dari Serakah

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes. Dheweke urung entuk krowodan nganti meh surup, alhasil dheweke mulih ngelanthung ora gawa opo-opo.

Sak wise leyeh-leyeh ing emperan, dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan sing bisa ganjel wetenge kang luwe.

Mbok Randha kami tenggengen amargi weruh ana panganan ing pawone. Batine kebak pitakon kiro-kiro sopo sing ngeteri panganan iku.

Mergane moro-moro pawone mbok Randha wis cumepak panganan nalika dheweke mulih saka alas. Lan iku kedadeyan ing saben dina.

Baca Juga: Ringkasan Cerita Rakyat Timun Mas dan Pesan Moralnya, Dongeng Singkat untuk Pengantar Tidur

Mbok Randha kepingin weruh sejatine sopo sing nyepake panganan kuwi saben dina.
Akhire sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi wong ingkang kiro-kiro mlebu ing pawone.

Tibake Keong emas iku mau sing metu saka genthong lan malih dadi wong wadon kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara.

Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong emas kuwi mau malih wujud. Mbok Randha kang weruh banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu rupane iku.

Baca Juga: Pesan Moral Cerita Rakyat ‘Malin Kundang’: Jangan Durhaka Kepada Orang Tua

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa? kok nganti kedarangdarang ing alas iki lan jilmo dadi Keong Emas?”

“Aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta Pati, aranku Candra Kirana”

“Lho kok awakmu bisa dadi Keong Emas? lan kok bisa teka nang alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”

Banjur, Dewi Candra Kirana nyeritake dheweke ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kepenhen ngepek garwa.

Baca Juga: Apa Definisi Cerita Rakyat, Struktur, dan Contohnya?

Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin kuwi.

Banjur Jin iku muntab, Dewi Candra Kirana disedake dadi Keong Emas lan diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.

Supoyo Candra Kirana ora bisa ketemu karo garwane Raja Inukerta Pati.

Ananging kahanan, nalikane kali kecemplungan Keong Emas iku mau banyune kali malih asat.

Asate banyu kali kuwi mau ingkang njalari Keong Emas nyungsang nang watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane dheweke ditemu Mbok Randha, banjur diopeni sampek sak iki.

Itulah kumpulan cerita rakyat atau dongeng singkat dalam bahasa Jawa.***

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah