Kumpulan Dongeng Bahasa Jawa Singkat: Roro Jonggrang hingga Keong Emas

- 18 November 2022, 17:03 WIB
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat /Larisa_K/Pixabay

Ing jaman kerajaan, Rojo Kerajaan Prambanan nduweni putri ingkang ayu namine Roro Jonggrang. Ing sandinge, ono Kerajaan Pengging ingkang nduweni kepinginan nggedekake kerajaan.

Kerajaan iku mau dipimpin kestario sakti mandraguna namine Bandung Bondowoso. Saliyane duwe gaman sakti, Bandung Bondowoso ugo nduweni tentara jin sing nulungi dheweke nyerang kerajaan liyane lan nggayuh kekarepane nggedekake kerajaan.

Ing sawijining wektu, Bandung Bondowoso nyerang kerajaan Prambanan kanggo ngrebut wilayah luwih akeh. Amergo ora ono persiapan, Raja Prambanan kalah, lengser lan tiwas naliko diserang.

Baca Juga: Kumpulan Pesan Moral dari Berbagai Dongeng Populer: Timun Emas, Sangkuriang, Malin Kundang, hingga Aladdin

Akhire Bandung Bondowoso dadi raja ing Kerajaan Prambanan. Naliko sawijining wektu, dheweke weruh bocah wadon ingkang ayu namine Roro Jonggrang.Banjur Bandung Bondowoso langsung nglamar wadon iku.

Sejatine Roro Jonggrang sengit marang Bandung Bondowoso. Amergane dheweke weruh Bandung Bondowoso ingkang nyerang bapake sampek tiwas. Ananging, Roro Jonggrang wedi arepe nolak lamaran Bandung Bondowoso.

Alhasil Roro Jonggrang ngekeki syarat ingkang angel dikabulake. Roro Jonggrang njaluk Bandung Bondowoso kudu nggawekake 1000 candhi lan 2 sumur ing wektu sewengi.

Bandung Bondowoso ugo setuju marang syarat iku mau. Amergo dheweke rumongso mesti kasil, kerana due tentara jin sing iso ngewangi dheweke ngrampungake syarat iku mau kanthi cepet.

Baca Juga: Pesan Moral Dongeng Cerita Timun Mas, Perjuangan Gadis Kecil Melawan Raksasa

Bandung Bondowoso lan poro jin meh nuntasake garapane iku mau. Roro Jonggrang ingkang weruh, ndang-ndang nggolek coro supoyo Bandung Bondowoso ora rampung.

Halaman:

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah