Kumpulan Dongeng Bahasa Jawa Singkat: Roro Jonggrang hingga Keong Emas

- 18 November 2022, 17:03 WIB
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat /Larisa_K/Pixabay

Wis setaun suwene mangsa ketiga dirasake desa Dhadapan. Kerana iku uripe warga malih katula-tula, akeh ingkang lara lan ugo dadi larang pangan.

Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing ijen tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan ngono iku mbok Randha ora nggresula. Malah dheweke tansaya nyaketake marang Gusti Maha Agung.

Baca Juga: Apa Definisi Cerita Rakyat, Struktur, dan Contohnya?

“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal ilang saking prahara punika.”

Sawijining wektu, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika dheweke lagi milang-miling, ana cahya kang cumlorot saka sak tengahing kali kang asat.

“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” pitakone ing njero atine.

Banjur mbok Randha goleki sumber cahya iku mau. Bareng dicedaki, jebul ana keong emas ingkang nyungsang ing tengah watu-watu kali.

Akhire Keong emas iku digawa mulih Nang omahe. Tekan ngomah banjur dicemplungake nang genthong.

Baca Juga: Amanat Cerita Rakyat Bawang Merah Bawang Putih dan Jalan Ceritanya, Tentang Petaka Buah dari Serakah

Halaman:

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah