Kumpulan Dongeng Bahasa Jawa Singkat: Roro Jonggrang hingga Keong Emas

- 18 November 2022, 17:03 WIB
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat
Ilustrasi: berikut dongeng-dongeng berbahasa Jawa singkat /Larisa_K/Pixabay

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes. Dheweke urung entuk krowodan nganti meh surup, alhasil dheweke mulih ngelanthung ora gawa opo-opo.

Sak wise leyeh-leyeh ing emperan, dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan sing bisa ganjel wetenge kang luwe.

Mbok Randha kami tenggengen amargi weruh ana panganan ing pawone. Batine kebak pitakon kiro-kiro sopo sing ngeteri panganan iku.

Mergane moro-moro pawone mbok Randha wis cumepak panganan nalika dheweke mulih saka alas. Lan iku kedadeyan ing saben dina.

Baca Juga: Ringkasan Cerita Rakyat Timun Mas dan Pesan Moralnya, Dongeng Singkat untuk Pengantar Tidur

Mbok Randha kepingin weruh sejatine sopo sing nyepake panganan kuwi saben dina.
Akhire sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi wong ingkang kiro-kiro mlebu ing pawone.

Tibake Keong emas iku mau sing metu saka genthong lan malih dadi wong wadon kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara.

Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong emas kuwi mau malih wujud. Mbok Randha kang weruh banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu rupane iku.

Baca Juga: Pesan Moral Cerita Rakyat ‘Malin Kundang’: Jangan Durhaka Kepada Orang Tua

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa? kok nganti kedarangdarang ing alas iki lan jilmo dadi Keong Emas?”

Halaman:

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah