Contoh Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

- 18 November 2022, 13:46 WIB
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya /Pixabay/Mysticsartdesign/

Kisah ini mengandung banyak pesan moral, salah satunya adalah anjuran untuk tetap berbakti kepada orang tua seperti apapun keadaannya.

3. Ringkasan Cerita Rakyat Maling Kundang Bahasa Jawa

Inilah ringkasan cerita rakyat Maling Kundang Bahasa Jawa

Sayakku mobat-mabit keterak angin. Aku nyawangi segoro seng jembare koyo-koyok gaonok wates. Tanganku tak angkat. Aku ndungo neng pengeran. Mugo-mugo anakku Malin ndang mulih. Bekmenowo ya, kapal-kapal sing kate nyidek neng pinggiran iki, ngemot Malin. Moro dheke mudun tekok kapal kui. Moro dheke ngrangkul ambek sungkem neng aku. Gusti, amin.

Baca Juga: Cerita Rakyat Sangkuriang dan Pesan Moralnya, Lahirnya Putri dari Rahim Babi hingga Asal-usul Tangkuban Perahu

Tapi, nyotone, sampek awakku kathuken neng kene, sampek sikilku gringgingen, kapal-kapal sing nyidhek neng ngarepku iki gak ngemot Malin. Malin ngrangkul ambek sungkem neng aku gurung dadi nyoto, sampek saiki, embuh sampek kapan. Kapan, Gusti?

Pirang-pirang taun Malin ra mulih-mulih, sakjeke dheke pamitan neng aku biyen kae, pas dheke pingin neng kutho, ngrantau, nyambut gawe sing tenan, ben sukses koyok konco-koncone, jare.

Wektu iku, aku mung pesen siji neng dheke sakdurunge dheke budhal ngrantau. Dheke tak warahi, ra popo ngrantau o, tapi, ndang mulih, yo. Iyo, jare dheke.

Jan, saiki mataku mbrebes mili maneh, eluh maeng sing gurung garing ketambah eluh maneh. Umbelku ndlewer nggilani tapi aku wis pegel ngusapi, aku wis pegel ngesrot. Aku, bener-bener pegel. Aku, bener-bener nelongso, kelangan Malin.

Tak urup-urup atiku maneh. Gocelan maneh neng pengeran. Aku sik pingin urip. Pengeranku tak gandholi, gak pingin tak pedhot. Roso nelongso iki mugo miber tekok dodoku, moro mingslep neng lemah, gak mbedugul maneh, lewat dedungo. Gusti, amin.

Halaman:

Editor: Anisa Alfi Nur Fadilah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x