Contoh Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

- 18 November 2022, 13:46 WIB
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya /Pixabay/Mysticsartdesign/

Iki koyok mimpi, saiki aku wis ndek ngarepe Malin. Eluhku tambah ndrodos ra mandek-mandek. Ngucap siji ucapan ae rasane ra mampu, sangking bungahe. Gorokanku sik macet. Koyok mung iso njerit alon sing kepedhot-pedhot. Aku lali carane ngomong, tapi aku gak lali carane nangis.

“Ma….ma…lin..aa…aaa…. nakk ….nakk…ku,” jareku.

“Nyingkri ooo, riko guduk ibuku, ibuku klambine gak modal-madul koyok ngene iki, ambune yo gak badhek. Peh, lak ape ngemis gausah ekting-ektingan koyok ngene iki, gak kirane aku kepincot karo rai melasmu iki. Wis, gak usah drama-drama an. Nyingkri oooo,” jare Malin.

Deg. Atiko loro. Loro banget. Aku gak diakui ambek anakku dewe. Dheke njungkrakno awakku. Luwih-luwih loro, pas nyawang dheke gelem nggandeng tangane arek wedhok kui, tapine ora gelem nggandeng tanganku, ibune. Luwih loro maneh, pas krunge dheke ngomong neng arek wedhok kui lek ibune iku sugih, tampilane yo gak mbambes.

“Ojok percoyo Yang, tenanan iku lho guduk ibuku. Ibuku kui sugihe eram ambek gak mbambes koyok wong iki,” jare Malin.

Baca Juga: Ringkasan Cerita Rakyat Timun Mas dan Pesan Moralnya, Dongeng Singkat untuk Pengantar Tidur

“Gusti, pengeranku, kulo loro ati,” jareku.

Aku nyerahno kabeh urusan loro ati iki nang pengeranku.

Moro-moro, langit dadi mendung, petenge koyok nggarai kabeh wong keweden. Bledek saut-sautan nggrebeki kuping, swarane koyok ngiringi setan kalap. Banyu neng segoro munggah mudun, koyok sengogo diublek-ublek pengeran sampek suwi. Angine gedhi war wer. Kabeh mung aku mobat-mabit. Bumi horeg. Lindue gedhi. Kabeh ambyar. Malin dadi watu.

Itulah contoh cerita rakyat Malin Kudang menggunakan Bahasa Jawa non krama inggil singkat.***

Halaman:

Editor: Anisa Alfi Nur Fadilah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x