Contoh Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

- 18 November 2022, 13:46 WIB
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya
Ringkasan legenda Timun Mas, cerita rakyat dari Jawa Tengah dan hikmahnya /Pixabay/Mysticsartdesign/

Aku kelingan Malin pas jamane dheke sik cilik. Uber-uberan karo kewan koyok gaonok beban. Malin anakku sing manut. Malin anakku sing ngancani aku. Malin sing gelem tak jak berjuang sakjeke bapake wis mulih neng pengeran. Saiki, Malin ndek ndi? Aku gak ngerti, blas-blaso.

Baca Juga: Ringkasan Legenda Keong Mas dan Pesan Moralnya, Cerita Singkat Pengantar Tidur Asal Jawa Timur

Dino ganti dino, aku ngenteni kabarmu, le, Malin, anakku. Ambek saiki, pengeran ndodohno dalane, masio mung saitik, liwat koncomu. Koncomu sing kae, methuki aku dino iki. Jare dheke, kowe wis rabi karo arek wedhok sing uayu ambek sugih tenan.

Gak mung iku, dheke yo ngomong neng aku lek aku ra usah ngenteni awakmu maneh. Jare dheke kowe wis urip penak, gak kurang opo-opo, ambek gak mungkin mbalek maneh neng kene, neng ibukmu sing kere iki. Aku dikon mandek arep-arep kowe mulih.

Tapi, le, aku sik percoyo kowe gak lali neng aku. Aku sik percoyo kowe gak lali janjimu. Aku sik bakal ngenteni awakmu mulih, embuh sampek kapan.

Esuk-esuk, ndek pantai Banyu Legi iki, tekok dohan aku nyawang wong-wong podho ngrubuti kapal seng ndek pinggiran kui. Moro onok arek lanang ambek wedhok sing mudun tekok kapal kui. Tangane dadah-dadah neng kabeh wong sing onok ndek kono. Sopo iku, lagate kok koyo artis? Aku gak ngerti, aku yo gak ngreken babar blas.

Tapine, pas tak sawang-sawang, tak pendeliki maneh sampek mataku klilipen lebu, aku ket nyadar, iku Malin dadakno. Malin sing tak arep-arep sampek saiki. Bungah, atiku. Pengeran mbales dedungoku. Aku diijini nyawang Malin maneh.

Aku mblayu sekuat-kuatku, marani anakku. Mblayu sing banter, ben ndang totok ndek ngarepe Malin, ngrangkul dheke, moro nyalami arek wedhok ndek sampinge. Tapi, rasane, dalan neng Malin kok koyok tambah adoh, adoh banget, ra tutuk-tutuk.

Baca Juga: Contoh Cerita Rakyat Populer Jawa Timur, Ringkasan, dan Hikmahnya

Aku kejeglong bolongan neng pasir. Ngadek maneh. Kejeglong maneh. Mblayu maneh. Moro kesandung watu, sampek rodok ngesot. Ngadek maneh. Mblayu. Moro ngicaki krikil-krikil landep. Sikilku getihen.

Halaman:

Editor: Anisa Alfi Nur Fadilah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x