Contoh Cerita Rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

- 19 November 2022, 10:57 WIB
Sinopsis cerita rakyat Asal-usul Surabaya dari Jawa Timur menggunakan bahasa Jawa non krama inggil dan contoh pesan moral atau hikmahnya
Sinopsis cerita rakyat Asal-usul Surabaya dari Jawa Timur menggunakan bahasa Jawa non krama inggil dan contoh pesan moral atau hikmahnya /Pixabay/ignartonosbg

Gegerane Suro ambek Boyo kui guduk gara-gara rebutan wedokan, tapine gara-gara rebutan badokan sampek cokot-cokotan ambek jotos-jotosan soale wis nepsu paten-patenan.

Awale, Suro kaliren, wis mbadok mangsa-mangsa ndek segoro tapi sek durung wareg-wareg. Akhire dheke mblakrak neng daratan cek iso nguber mangsa liyone. Ndedepi bedhes, kidang, manuk, iwak cilik, ambek macem-macem. Ngemplok sing iso diemplok seakeh-akehe, sewareg-warege, selego-legoe.

Baca Juga: Apa yang Dimaksud dengan Cerita Rakyat? Berikut Pengertian, Ciri-ciri, Fungsi, dan Jenis-jenisnya

Dheke moro mulih maneh neng segoro asale, leyeh-leyeh, nyaplok mangsa maneh lek luwe maneh. Moro leyeh-leyeh maneh. Nyaplok maneh. Ngono tok sakteruse.

Ganti dino. Suro sing nggragase puoll pingin maneh dedep-dedep bedhes koyok wingi. Dheke kaet ngroso koyok-koyok mangan bedhes ambek liyo-liyone ndek daratan wis dadi panganan utomo sakmarine mangan mangsa ndek segoro. Lek gak mangan iku, dheke gak lego-lego. Pokoke kudu komplet koyok wingi, pikire dheke.

Singkate, dedep-dedep mangsa ndek daratan wis dadi kebiasaane Suro sakmarine ngenak-ngenakno mangan ndek segoro. Tapi dheke yo tetep ati-ati tenan pas dedep-dedep ndek papan kui, ben gak konangan karo Boyo, penguwasa papan iku.

Baca Juga: Cerita Rakyat Malin Kundang, Dongeng Nusantara Berkisah Anak Durhaka

Tapine, masio Suro wis pinter eram nyaplok mangsa ndek papan iku sampek gak dikonangi sopo-sopo sakliyane kewan sing dicaplok, suwi-suwi Boyo yo tetep ngroso koyok onok sing aneh ndek papan kekuwasaane. Dheke ngroso mangsae ndek papan iku moro-moro kalong akeh, dadi mek titik banget, gak koyok biasane.

"Laiyo, ndek kene kok tambah sepi koyok ngene yo. Biasane akeh bedhes glantongan ndek wit iko, kidang-kidang playon, manuk-manuk menclok ndek watu, ambek uakeh tenan kewan-kewan liyone. Lha tapi, kewan sing ketok saiki kok mek titik men. Lha liyone nang ndi kabeh, kok raa ketok blas,” jare Boyo.

“Iki jane podo mingslep singitan kabeh opo onok kewan sing meneng-meneng nyaploki jatahku se? Sek-sek, ojok-ojok, onok menungso sing moro-moro ngendrem kewan-kewan ndek kene?” jare Boyo.

Halaman:

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah