Contoh Cerita Rakyat Asal-usul Surabaya Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

- 19 November 2022, 10:57 WIB
Sinopsis cerita rakyat Asal-usul Surabaya dari Jawa Timur menggunakan bahasa Jawa non krama inggil dan contoh pesan moral atau hikmahnya
Sinopsis cerita rakyat Asal-usul Surabaya dari Jawa Timur menggunakan bahasa Jawa non krama inggil dan contoh pesan moral atau hikmahnya /Pixabay/ignartonosbg

Baca Juga: Contoh Cerita Rakyat Malin Kundang Bahasa Jawa Singkat dan Ulasan Pendek Pesan Moralnya

Iku sebabe ono siji dino, Boyo singitan suwi ndek mburine watu gedhi mek pingin ngonangi kiro-kiro sopo seng meneng-meneng nyaploki badokane Boyo sampek gak ukuran iku.

“Gaiso tak neng no iki, aku kudu weruh opo sebabe. Yo wis, aku tak singitan neng mburie watu gedhi iki. Bekmenowo, moro-moro aku ngonangi opo-opo utowo sopo-sopo sing nyebabno badokanku kalong akeh,” jare Boyo.

Akhire, kebiasaan anyare Suro iki dikonangi Boyo. Boyo moro metu tekok papan singitane. Ngamuk tenan neng Suro.

Baca Juga: Cerita Rakyat Sangkuriang dan Pesan Moralnya, Lahirnya Putri dari Rahim Babi hingga Asal-usul Tangkuban Perahu

“Whoey, Suro, ojok nggarakno atiku kesumet, lha nyapo kon dedep-dedep kewan ndek kene? Ape ngentekno badokanku? Kon wingi-wingi lek nyolong kok ra ukuran? Jan goblok men, papanmu kui guduk ndek kene, tapi ndek kono, segoro.

Awale, Suro njegidek ae dikonagi Boyo. Dheke gak pingin ngreken karo cangkemane Boyo. Tapi, suwi-suwi, atine Suro yo melu kesumet. Moro loro-lorone podo-podo adu cocot, adu cokot, adu jotos, yo adu cakar.

Blas-blaso, gaonok sing pegel ndek gegeran kui. Gaonok sing kalah, yo gaonok sing ngalahno. Loro-lorone yo podo-podo mandek gegeran lek wis podo-podo bosen. Menene, yo geger maneh. Menene maneh, yo geger terus.

Baca Juga: Apa Definisi Cerita Rakyat, Struktur, dan Contohnya?

Mari ngono, onok siji dino Suro ambek Boyo wis podo-podo pegel gegeran terus, yo podo-podo bosen pisan. Dadi loro kewan iki wis sepakat gak gegeran maneh, loro-lorone kudu janji gak bakal nyaplok mangsa ndek njoboe wilayah kekuwasaane dhewe-dhewe. Suro mek oleh nyaplok mangsa ndek segoro, Boyo mek oleh nyaplok mangsa ndek daraten.

Halaman:

Editor: Ratna Dwi Mayasari


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah