“Awdhew wes bosen too gegeran terus koyo ngene iki, saiki yok diayem-ayemi maneh. Tukarane dilereni sek. Ben iso ayem koyok sakdurung-sakdurunge, kudu podo-podo ngerti ndi batas kekuwasaane dhewe-dhewe. Kon ndek segoro, aku ndek kene. Aku mek oleh nggolek badokan ndek kene, kon mek oleh nggolek badokan ndek kono,” jare Boyo.
Loro kewan iki wis podo-podo gelem akur. Ndek wektu sing suwi, wis gaonok critone maneh kewan-kewan alasan nontok Suro ambek Boyo kalap geger. Pokoke, wektu iku neng alas ayeme tenan. Palingan yo mek krungu sworo-sworo kewan-kewan cilik sing mblayu keweden dikepong “predator”.
Njeketek, pas wes ayem-ayeme koyok ngene iki, dadakno Suro meneng-meneng budal dedep-depep kewan inceran ndek papane Boyo. Kewan iki jan kuendell men, gaonok kapok-kapoke dikonangi karo Boyo koyok sing biyen-biyen. Dheke ngenak-ngenakno mangan kewan inceran tapi yo tetep sik ati-ati.
Baca Juga: Contoh Cerita Rakyat Populer Jawa Timur, Ringkasan, dan Hikmahnya
Akhire, konangan maneh dadakno. Boyo kesumet maneh. Moro nglarak Suro. Sing Suro, njegidek, ra romongso salah, yo ra njok sepuro, moro rodok mlengos.
Tapi akhire, loro-lorone kalap tarung maneh. Cocot-cocotan maneh, cokot-cokotan maneh, cakar-cakaran maneh, sampek getih loro-lorone podo muncrat.
Gegerane tambah sengit, kesit. Tapi tetep, gaonok sing kalah, yo gaonok sing menang.
Suro ambek Boyo podo-podo catu ndek buntute. Barengan, buntute Boyo ndekcokot Suro, buntute Suro ndekcokot Boyo. Posisine koyok patung Suroboyo sing sik onok sampek saiki
Itulah contoh ringkasan dan pesan moral cerita rakyat Asal-usul Surabaya menggunakan bahasa Jawa non krama inggil.***